Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Soal dan Jawaban PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1

Soal dan Jawaban PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1

Penilaian tengah semester (PTS) semester 1 atau ulangan tengah semester (UTS) dilaksanakan di akhir bulan September atau awal bulan Oktober. Jadwal PTS semester 1 ini sesuai dengan Kalender Pendidikan yang telah ditetapkan oleh Dinas Pendidikan. Salah satu mata pelajaran (mapel) yang diujikan sesuai Kurikulum 2013 (K13) untuk kelas 5 Sekolah Dasar (SD) adalah muatan lokal Bahasa Jawa.

Kompetensi Dasar (KD) Bahasa Jawa yang diujikan pada Penilaian Tengah Semester (PTS) ganjil kelas 5 K13 adalah sebagai berikut:

3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks narasi atau deskripsi.
3.2 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks tentang peristiwa faktual secara lisan dan tulis.

SekolahDasar.Net akan membagikan latihan soal penilaian tengah semester ganjil muatan lokal Bahasa Jawa Kelas 5. Selain itu juga dibagikan juga kunci jawaban dari soal tersebut. Berikut soal latihan PTS kelas 5 semester 1 mapel Bahasa Jawa:

SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 5 SEMESTER 1

Wulangan 1 (KD 3.1)

Wacanen kanthi setiti crita ing ngisor iki!

Wisata Menyang Kampung Coklat

Dhek dina Minggu murif-murid SD Negeri Margomulyo nganakake rekreasi menyang Blitar kanti numpak bis. Lokasi sepisan sing dituju yaiku makame Bung Karno banjur diterusake menyang Istan Gebang. Bis sing nggawa rombongan saka SD Negeri Margomulyo wiwit ninggalake Istana Gebang ing Blitar. Rombongan sabanjure nerusake laku menyang Kampung Coklat kang manggon ing ratan Banteng Blorok 18, Desa Plosorejo, Kecamatan Kademangan, Kabupaten Blitar.
“Iki mengko nganti jam pira , Wan?” pitakone Jupri.
“Ngendikane Pak Mardi nganti jam setengah papat”, wangsulane Wawan.
Sawise tuku tiket sing saben Bocah regane Rp. 10.000,- kabeh padha mlebu ing lokasi wisata Kampung Coklat. Bocah-bocah padha nggumun weruh tanduran coklat sing ditandur lan padha uwoh.
“Wiiih.....iki ta coklate, Wan ?” pitakone Jupri maneh marang Wawan.
“Iya...nyenengna, ya?” wangsulane Wawan.
Jupri, Wawan lan kanca-kancane banjur padha selfi ing ngisore wit coklat . Ana uga sing nyedaki outlet-outlet lan antri tuku sawernane panganan lan inuman kanthi bahan dasar coklat.

1. Yen dideleng saka jenise wacan ing dhuwur kalebu....
A. Argumentasi
B. Deskripsi
C. Narasi
D. Eksposisi 

2. Dhek dina Minggu SD Margomulya nganakake rekreasi menyang Blitar.
Pitakon sing beber kanggo mangsuli ukara ing duwur yaiku ....
A. Kepriye carane murid-murid SD Negeri Margomulyo menyang Blitar?
B. Kapan murid-murid SD Negeri Margomulyo menyang Blitar?
C. Ing ngendi wae tujuan rekreasi murid-murid SD Negeri Margomulyo ?
D. Sapa sing ngejak murid-murid SD Negeri Margomulyo rekreasi ?

3. Lokasi wisata sing ora dadi tujuan rekreasi murid-murid SD Negeri Margomulyo yaiku ...
A. Kampung Coklat
B. Makam Bung Karno
C. Alun-Alun
D. Istana Gebang

4. Panggonan kedadeyan sing diandharake jroning crita narasi diarani ....
A. Setting utawa latar
B. Tema
C. Paraga
D. Amanat

5. Ing ngisor iki kalebu titikane wacan deskripsi, kejaba ....
A. Nggambarake samubarang
B. Karangan ora disusun adhedasar urutan wektu
C. Bisa dirasakake nggunakake panca indra
D. Nyritakake pengalaman

6. Perangan teks kang ngandarake ngenani pengenalan paraga lan latar diarani ...

7. Karangan kang nggambarake obyek kanthi tujuan supaya wong kang maca  ngrasa kaya nyawang dhewe obyek kang digambarake diarani karangan ...

8. Tokoh ing njroning crita uga diarani ....

9. Tembung pitakon kanggon nakokne wektu kedadean ing njero crita yaiku ..

10. Rina lan Susi saben sore dolanan dakon ing teras omah. Dakon iku kalebu jenise dolanan ....

11. Sebutna strukture teks narasi !

12. Ayo aranana lima wae tuladhane dolanan tradisional sing kok weruhi !

Wulangan 2 (KD 3.2)

Gatekna Pawarta ing ngisor iki!

    JAKARTA-Kegiatan Pramuka ing sekolah nduweni daya kekuwatan kang gedhe kanggo narik kawigatene bocah. Kegiatane kang maneka werna lan nyenengake bisa nukulake semangat. Salah sijine kegiatan Indonesia Scouts Challenge (ISC) 2015-2016, makarya bebarengan anatarane Kwartir Nasional Gerakan Pramuka lan Jawa Pos Group.

Indonesia Scouts Challenge (ISC) mujudake kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adhik-adhik Penggalang Ramu kelas IV lan V SD. Kegiatan iki kaleksanan wiwit tingkat kabupaten, propinsi lan nasional. Sapa kang menang ing tingkat kabupaten bakal dikirim lomba ing tingkat propinsi.

Puncak kegiatane ISC, saben regu kang makili propinsine bakal budhal lomba ing tingkat nasional championship kang digelar watara wulan Agustus 2016. Regu putra lan putri kang paling apik bakal nyandhang predikat juwara nasional. Minangka bebungahe, regu-regu juwara mau kalodhangan dijak dolan menyamg Amerika Serikat sarta diparingi tabungan pendhidhikan.

13. Kang dikabarake ing tuladha pawarta ing dhuwur yaiku ngenani ....
A. Kegiatan lomba cerdas cermat
B. Kegiatan pramuka
C. Kegiatan pentas seni
D. Kegiatan lomba MIPA

14. Miturut pawarta ing dhuwur, kegiatan pramuka bisa nukulake semangat amarga ....
A. Bisa dolanan karo kanca
B. Bisa oleh sangu 
C. Kegiatane maneka werna lan nyenengake
D. Kegiatane akeh lan bebayani

15. Minangka bebungae melu kegiatan ISC, regu kang juwara bakal dijak dolan menyang ....
A. Afrika
B. Amerika Serikat
C. Singapura
D. Korea

16. Teks pawarta iku mujudake informasi kang ....
A. Direka-reka
B. Fiksi
C. Dikarang
D. Nyata

17. Kang kalebu media cetak yaiku ....
A. Kalawarti
B. TV
C. Radio
D. Internet

18. Teks awujud laporan ngenani sawijining kedadeyan kang dumadi diarani tesks ....

19. Wongkang penggaweyane golek lan ngumpulake pawarta diarani ....

20. Where (ing ngendi) iku wujudake katrangan ....

21. Jenis pawarta kang ditulis kanthi singkat, padhet lan lugas apa anane diarani pawarta ....

22. Salah sijine teknik maca pawarta yaiku alon cepete carane maca diarani ....

23. Apa wae titikane utawa ciri-cirine teks pawarta ?

24. Aranana 3 wae medhia elektronik kang bisa kanggo nyampekake pawarta !

KUNCI JAWABAN SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 5 SEMESTER 1

Wulangan 1 (KD 3.1)

1. C
2. B
3. C
4. A
5. D
6. Orientasi
7. Deskripsi
8. Paraga
9. Kapan
10. Tradisional
11.  Struktur teks narasi :
Pambuka utawa orientasi
Pasulayan utawa komplikasi
Pangudhare Prakara utawa Resolusi
Koda utawa amanat
12. Tuladhane dolanan tradisional :
Jamuran
Cublak-cublak suweng
Jamuran
Bentengan
Delikan
Gobak sodor lan sak piturute 

Wulangan 2 (KD 3.2)

13. B
14. C
15. B
16. D
17. A
18. Pawarta
19. Wartawan
20. Ing ngendi
21. Langsung
22. Tempo
23. Ciri-cirine pawarta :
Isi bener-bener kedadeyan (nyata)
Kedadeyan lagi wae dumadi (aktual)
Sumbere pawarta bisa dipertanggungjawabake (valid)
Katrangan (data) kang diwartaake jangkep (lengkap)
Aure runtut (kronologis)
Nggunakake bahasa baku lan sak piturute
24. TV, radio, internet lan sak piturute 


Soal UTS atau PTS Bahasa Jawa semester ganjil kelas 5 SD disusun berdasarkan kisi-kisi. Soal PTS mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 5 SD dari soal pilihan ganda, isian singkat, dan uraian. Semoga soal penilaian tengah semester 1 mapel Bahasa Jawa kelas 5 yang sudah dilengkapi kunci jawabannya di atas bermanfaat.