Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Soal dan Kunci Jawaban PTS Semester 2 Kelas 3 Mapel Bahasa Jawa

Soal dan Kunci Jawaban PTS Semester 2 Kelas 3 Mapel Bahasa Jawa

SekolahDasar.Net
 akan membagikan soal penilaian tengah semester 2 atau PTS semester genap kelas 3 mata pelajaran (mapel) Bahasa Jawa. Soal PTS semester 2 kelas 3 mapel Bahasa Jawa KD 3.1 dan KD 3.2 yang disusun berdasarkan kisi-kisi PTS ini dilengkapi dengan kunci jawabannya.

SOAL PTS SEMESTER GENAP KELAS 3 BAHASA JAWA

I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c utawa d ing ngarepe wangsulan kang bener!

KD  3.1

Tembang Pocung

Bapak Pocung anane ing tanah kudus
Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakaning jalmi
Gigir mbrenjul suku panjang gulu dawa
(Kapethik saka buku remen basa jawa kelas 3)

1. Irah-irahane wacan ing dhuwur yaiku. . . .
a. bapak Pocung
b. tembang Pocung
c. lagu Pocung
d. tembang Macapat

2. Tanah Kudus nduweni teges . . . .
a. tanah subur
b. tanah resik
c. tanah suci
d. tanah kotor
3. Tembung jalmi tegese. . . .
a. wit-witan
b. manungsa
c. kewan
d. gunung

4. Tembung suku tegese . . . .
a. samparan
b. astha
c. sirah
d. mripat

5. Kewan sing pinter nyimpen toya miturut tembang ing dhuwur yaiku . . . .
a. gajah
b. jaran
c. jerapah
d. unta

6. Watake tembang pocung yaiku …. 
a. grapyak lan renyah
b. sumanah lan pitutur
c. manis lan luwes
d. sembrana parikena

7. Saben sapada tembang pocung ana . . . .
a. patang larik
b. telung larik
c. rong larik
d. salarik

8. Ing ngisor iki arane tembang macapat, kajaba . . . .
a. gambuh
b. mijil
c. pocung  
d. jaranan

9. Tembang macapat cacahe ana . . . .
a. 10
b. 11
c. 12
d. 13

Nonton Festival Kethoprak

      Malam Minggu Arum diajak bapake nonton festival kethoprak. Watara tabuh pitu mbengi Arum wis ana ngarep panggung. Sing nonton jan akeh banget. Arum oleh panggonan ngarep dhewe.
      Festival kethoprak bengi kuwi pesertane ana pitu. Swara gamelan wis ditabuh wiwit sore mau. Acarane dibukak dening Pak Walikota Semarang. Para seniman padha kumpul dadi siji nambahi gayenge swasana.

10. Sing ngajak Arum nonton festival kethoprak yaiku ….
a. bapake
b. ibune
c. pamane
d. simbahe
11. Arum wis ana ngarep panggung jam ….
a. pitu
b. pitu esuk
c. pitu bengi
d. sanga bengi

12. Sing bukak festival kethoprak yaiku Bapak . . . .
a. Bupati Semarang
b. Walikota Semarang
c. Camat Semarang
d. Lurah Semarang

KD.3.2

Blanja menyang Pasar

Dhek dina Minggu, Yuni melu mbakyune lunga menyang pasar. Pasare rada adoh mulane anggone menyang pasar mau numpak becak. Atine Yuni seneng banget. Wis suwe dheweke ora lunga menyang pasar. Luwih-luwih menyang Pasar Ceria sing diparani dina iki.
Ora let suwe Yuni lan Fitri, mbakyune, wis tekan ing Pasar Ceria. Bocah loro age-age mlaku mlebu pasar. Yuni katon yen ora sabaran. Tangane mbakyune digeret sajak kesusu. “Ora perlu kesusu, Yun. Becik ngati-ati!” kandhane Fitri ngelingake adhine.
Pasar kuwi panggonane wong akeh. Ora kabeh uwong apik bebudene. Ana kalane ing pasar iku ana copet. Mula kudu ngati-ati yen ana ing pasar.

13. Sing melu mbakyune lunga menyang pasar yaiku ….
a. Fitri
b. Yuni
c. Pipit
d. Yuyun

14. Anggone lunga menyang pasar nalika dina ….
a. Kamis
b. Jum’at
c. Sabtu
d. Minggu

15. Anggone menyang pasar numpak becak, jalaran ….
a. pasare cedhak
b. pasare rame
c. pasare adoh
d. pasare sepi

16. Tangane mbakyune digeret sajake kesusu.
Kesusu kosok baline ….
a. sabar
b. anteng
c. grusa grusu
d. alon-alon

17. Tembung digeret tegese ….
a. digandeng
b. dicopot
c. disambung
d. ditarik

18. Ora kabeh uwong apik bebudene.
Bebudene tegese ….
a. perilakune
b. sandhangane
c. pegaweane
d. pituture

19. Uwong kang ora apik bebudene, tuladhane ….
a. blandong
b. copet
c. pedagang
d. gamel

20. Fitri lan Yuni lungo menyang ….
a. Pasar Iwak
b. Pasar Modern
c. Pasar Ceria
d. Pasar Tradisional

21. Panggonan kanggo wong dodolan lan tinuku yaiku ….
a. stasiun
b. pasar
c. bandara
d. terminal

22. Lunga menyang pasar iku pengalaman sing ….
a. ora apik
b. ora nyenengake
c. mbahayakake
d. nyenengake

23. Kedadeyan sing ora nyenengake yaiku ….
a. angsal hadiah
b. tiba saka pit
c. angsal biji apik
d. ulang taun

24. Sarno kuwi bocah sregep.
Tembung sregep kosok baline ….
a. kesed
b. sregep
c. trengginas
d. wicaksana

25. Sarno lali ... Pak guru yen mlebune jam sanga.
a. pesene
b. critane
c. kandane
d. ngendikane

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganti patitis!

Tembang Pocung
Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pocung mung turut kutha

KD 3.1 

26. Batangane tembang pocung ing dhuwur yaiku . . . .

27. Kang dikarepake wesi miring yaiku ….

28. Papan kang dibutuhake si pocung ing dhuwur yaiku . . . .

29. Pocung kalebu tembang ….

30. Gundul-gundul Pacul kalebu tembang ….

Ora Rumangsa Telat
    Jenengku Sarno. Aku kelas III sekolah dasar. Biyasane aku mlebu sekolah jam sepuluh esuk. Kelasku yen esuk dipanggoni bocah kelas loro. Sabubare kelas loro padha rampung sekolahe, lagi kelas telu mlebu sekolah.
    Nadyan mlebune jam sepuluh, saben dina aku mangkat luwih gasik. Jam sanga biyasane aku wis tekan sekolah. Mangkatku gasik amarga ben ora telat. Saliyane kuwi aku bisa maca crita ing perpustakaan.
    Kaya ing dina Setu wingi kae. Aku tekan sekolah jam sanga kurang. Kancaku durung ana sing katon. Aku banjur mlebu menyang perpustakaan. Dilalah perpustakaan kosong. Pak Suhadi petugas perpustakaan embuh tindak endi. Nanging aku wis biyasa. Aku banjur milih buku crita terus dakwaca ngono bae.

KD. 3.2

31. Murid kelas III mlebu sekolah jam ….

32. Sarno saben dina jam … wis tekan sekolah.

33. Jalaran kancane durung ana sing katon, Sarno mlebu menyang ….

34. Petugas perpustakaan … Pak Suhadi.

35. Murid-murid yen arep nyilih lan maca buku crita panggonane ing ….

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

KD. 3.1

36. Sebutna 3 wae tembang macapat!

37. Sebutna 3 wae tembang dolanan!

38. Sebutna watake tembang pocung!

KD. 3.2

39. Sebutna 3 wae kedadeyan sing nyenengake!

40. Pak guru wis teka.
Ukara ing dhuwur gantinen nganggo basa krama!

KUNCI JAWABAN SOAL PTS SEMESTER 2 KELAS 3 BAHASA JAWA

I.
1. b     6. d 11. c 16. a 21. b
2. c     7. a 12. b 17. d 22. d
3. b     8. d 13. b 18. a 23. b
4. a     9. c 14. a 19. b 24. a
5. d    10. a 15. c 20. c 25. d

II.
26. sepur
27. dampar/rel
28. stasiun
29. macapat
30. dolanan
31. sepuluh
32. sanga
33. perpustakaan
34. asmanipun
35. perpustakaan

III.
36. pocung, gambuh, sinom,    lsp.
37. suwe ora jamu, jaranan, gundul-gundul pacul,  lsp
38. sembrana, parikena, lelucon
39. ulang tahun, dina riaya, munggah kelas
40. Pak Guru sampun rawuh

Soal PTS semester 2 atau ulangan tengah semester (UTS) kelas 3 mata pelajaran Bahasa Jawa diperoleh dari internet. Jika ada kesamaan pada keseluruhan soal dengan soal yang Anda susun, hubungi Admin jika keberatan. Semoga bermanfaat.