Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Soal dan Kunci Jawaban PTS Semester 2 Kelas 6 Mapel Bahasa Jawa

Soal dan Kunci Jawaban PTS Semester 2 Kelas 6 Mapel Bahasa Jawa

SekolahDasar.Net
 akan membagikan soal penilaian tengah semester 2 atau PTS semester genap kelas 6 mata pelajaran (mapel) Bahasa Jawa. Soal PTS semester 2 kelas 6 Bahasa Jawa terdiri dari soal pilihan ganda, isian singkat dan uraian ini dilengkapi dengan kunci jawabannya. Berikut soal PTS Bahasa Jawa kelas 6 semester 2 tema Pidhato dan Sopan Santun.

SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2 BAHASA JAWA KELAS 6

Wacanen kanthi premati !
Pidhato Perpisahan Kelas VI

Assalamu’alaikum wr.wb.
           Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati,kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji sokur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring bagas kewarasan dhumateng panjenengan dalah kula.                
Ing ngriki kula minangka wakilipun kanca-kanca kelas enem ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang kersa ngrawuhi pasamuan ingkang kula sakanca wontenaken.         
Pasamuan punika minangka raos sokur lan pepisahan kelas enem,ingkang saweg nampi pengumunan lulusan. Puji sokur sedaya saged lulus boten wonten ingkang kecicir. Pramila ing wedal punika kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng  Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun paring tuntutan tuwin panggulawentah wiwit kula sakanca kelas setunggal nagntos dumugi tamat punika. Mugi – mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring kawilujengan saha kanugrahan dhumateng panjenengan sedaya. Salajengipun kula sakanca boten kesupen nyuwun pangaksami bilih wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang prayogi. Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten kekirangan kula nyuwun pangapunten.                                                                                                                                                               Wassalamu’alaikum Wr. Wb.                                                                                     

                                                                                  Kapethik saking: Buku Wasis Basa

I. Wenehana tandha ping (X) aksara a,b,c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener !
KD 3.1

1. Apa irah-irahan sajroning sesorah ing dhuwur ?
a. Pidhato Pengetan Kartini                
b. Pidhato Perpisahan Kelas VI     
c. Lomba pidhato     
d. Pidhato ulang taun

2. Sesorah ing ndhuwur iku ditindakake ing  ….
a. daleme ibu guru                             
b. lapangan                     
c. sekolahan                    
d. puskesmas

3. Sesorah iku ditindakake dening ….
a. bapak kepala sekola             
b. perwakilan murid kelas VI     
c .perwakilan murid kelas          
d. wakil kepa sekolah

4. Rembugan  ana sangarepe wong akeh kanthi ngandarake sawijining gagasan  diarani ....
a. tanggap wacana         
b. atur pambuka         
c. micara           
d. nyemak

5. Perangane pidhato kang ngemot andharan isi utawa bab kang wigati ing tanggap wacana diarani ....
a.  pambuka               
b.  salam pambuka     
c.  panutup    
d.  surasa

6.  Muji syukur marang Gusti Allah iku ing sesorah dipapanake ana ….
a. pambuka         
b. isi
c. panutup         
d. salam

7. Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun pangapunten.
Ukara kasebut ing dhuwur dipapananke ana ing ....
a. pambuka         
b. isi       
c. panutup             
d. salam

8. Assalamu’alaikum Wr.Wb. 
Ukara ing dhuwur klebu perange pidhato ….
a. surasa         
b. panutup                  
c. pembuka
d. salam pembuka

9. Ing ngisor iki perangane naskah pidhato, kajaba …
a. pembuka       
b. isi          
c. adangiyah         
d. panutup

10. Pinanggih kanthi widada nir ing sambekala. Widada tegese ….   
a. slamet                       
b. seneng
c. becik       
d. urip

11. Kula panjenengan sedaya saged kempal wonten adicara pepisahan kelas enem.
Tembung kempal duweni teges ....
a. bubar           
b. gempal
c. bali       
d. Kumpul

12.  (1) Assalamualaikum Wr.Wb.
          Ingkang kinurmatan Bapak/ Ibu Pengurus Komite Sekolah
          Bapak Ibu sekaliyan saha Bapak Ibu Guru ingkang tansah minulya
     (2) Mekaten ugi, kula ngaturaken maturnuwun bilih panjenengan sami saged
          ngrawuhi adicara ingkang badhe ngrembag bab pembangunan musholla.
     (3) Mekaten atur kula, menawi wonten lepatipun atur saha subasita, 
          Kula nyuwun pangapunten.
     (4) Sumangga kula dherekaken muji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah
          Ingkang sampun maringi kesehatan lan kanikmatan gesang.

Supaya dadi pidhato kang runtut, ukara ing dhuwur diurutake dadi ....
a. 2-3-4-1        
b. 1-4-2-3
c. 1-3-2-4        
d. 4-3-2-1

KD 3.2
 
13.   Rina : “Mar, Aja mbolos sekolah mengko dadi ora pinter lho!”
      Damar : “Ora usah melu-melu urusanku,Rin!”
      Rina : “ . . .”
      Damar : “Rin,  ora sah sok pinter, sok ngandhani. Urusen awakmu dhewe.”
Ukara kanggo ngganepi pacelathon Rudi karo Usman ing dhuwur kang mathuk yaiku ....
a. Damar, aku seneng mbolos          
b. Damar, mbolos iku pancen apik    
c. Damar,aku melu mbolos
d. Damar,mbolos kuwi ora apik

14. Anton : “Don, sesuk apa sida uangan basa Jawa?”
Doni : “Sida Ton, apa kowe ora ngerti?”
  Anton : “Ora, jalaran aku ora mlebu sekolah amarga lara’’
Doni : “Ye ngono mengko sore ndhewe sinau bareng wae ya Ton, neng omahku.’’
Pacelathon ing ndhuwur migunakake ragam basa .... 
a. ngoko lugu             
b. krama lugu
c. krama alus
d. krama inggil

15. Pacelathon antarane Anton karo Doni ngrembug babagan ....
a. ora mlebu sekolah
b. ulangan basa Jawa             
c. kegiatan sekolah
d. pelajaran ing sekolah

16. Kang nduweni teges padha karo pacelathon, yaiku ....
a. musyawarah
b. piwulang
c. dialog           
d. sinau

17.   Pak Guru : “Bocah-bocah sapa sing durung nggarap PR?”
      Badi : “Kula Pak, kula kesupen menawi wonten PR.”
      Pak Guru : “...”
Ukara kang trep kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur ....
a. Kok kowe sregep tenan              
b. Kok kowe bisa  lali                
c. Kok kowe wis nggarap PR      
d. Kok kowe ora lali

18. Coba gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Tina     : “Wah,endah banget yo, pemandangane!”
Warsiti     : “Lho, kepriye Tin, lagi mrene sepisan to.”
Joko     : “Aku tak mlaku dhisik ya, Tin.”
Tina     : “ Jok, ati-ati aja misah saka rombongan, bisa ilang lho!”
Jono     : (ora nggubris omongane kanca lan mlaku ngadoh)
               “ Ora-orane yen ilang, wong kendel, kok. Yo takon-takon,to”
      (Nalika ing bis arep mulih)
Pak Guru    : “Bocah-bocah sapa sing durung munggah bis?
Wangsulane Tina kang trep yaiku ….
a. Tina, Pak.
b. Kula, Pak.
c. Warsiti, Pak.
d. Joko, Pak.

19. “Wah, endah banget yo, pemandangane!
Tembung endah nduweni teges padha karo....
a. ala
b. reged
c. elok
d. adoh

20. “Aja misah saka rombongan, bisa ilang lho!”
Tegese tembung rombongan yaiku ....
a. dhewekan utawa ijen            
b. kumpulane wong dadi siji           
c. mlaku dhewe-dhewe 
d. ora nggabung dadi siji

Pacelathon ing ngisor iki kanggo nggarap nomer 21-25 
    Dina Minggu esuk  Bagas, Ajeng, Bapak, lan Ibu padha preinan sekolah. Mula padha bareng-bareng reresik omah.
    Bapak  : “ Gas, mrenea! Rewangana Bapak ngresiki plapon kuwi!”
    Bagas     : “ Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.” 
    Bapak :“ Gas, sisan njupukna andha kanggo ngranggeh panggonan sing reged   dhuwur kae!”
    Bagas     : “ Nggih, Pak…, menika andhanipun.”
    Bapak  : “ Kene…kene, galo regede kaya ngana.”
    Bagas    : “ Nggih-nggih, Pak! Saenipun se-minggu sepisan kedah dipun resiki kok Pak!”
    Bapak : “Pancen kudune ngono Gas, mula suk Minggu kerja bakti meneh.”
    Bagas    : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”
    Ibu       : “Sing ngati-ati lho Gas!”
    Bagas     : “Nggih, Bu!”
    Ibu        : “Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang kene karo adimu Ajeng ya!”
    Ajeng       : ‘”Kembang menapa to Bu? Punapa Ibu mundhut?
    Ibu        : “Ora, iki kembang olehku nyuwun saka daleme bu RT.”
    Bagas      : “Nggih Bu, mangke kula rencangi.”

21. ... nembe ngresiiki plapon omah.
a. Bapak
b. Bagas
c. Ibu
d. Ajeng

22. Sing njupuk sapu panjang yaiku ....
a. Bapak
b. Ibu
c. Bagas
d. Ajeng

23. Pacelathon ing dhuwur ngrembug bab ....
a. kerja bakti desa     
b. reresik omah
c. nyaponi plapon
d. nandur jangkrik

24. Paraga sing ana ing pacelathon iku, kajaba….
a. Bapak
b. Bagas
c. Ibu
d. Ayu
25. “Kembang menapa Bu?,Punapa Ibu mundhut?”
Tembung “mundhut” basa ngokone yaiku …. 
a. njaluk
b. tumbas
c. nyuwun
d. tuku

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !

KD 3.1

26. Pidhato ing ngarepe wong akeh uga diarani ....

27. Wusana iku uga diarani ….

28. Sadurunge nulis teks sesorah utawa pidhato. Kita kudu nemtokake ... dhisik.

KD 3.2

29. Saben esuk simbah ngunjuk kopi.Tembung ngunjuk ngokone ....

30. Aku nyuwun dhuwit Ibu.
Tembung kang kacithak kandel basa ngokone ….

31. Pidhato ing sangarepe wong akeh kudu nduweni rasa ....

32. Pasar Bawang
Ukara iku yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ....

33. ?su=ynTtukuseptu.
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara latin ….

34. Tegese tembung panggulawentah yaiku .... 

35. Nalika pacelathon anak marang Bapak nggunakake basa ....

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !

KD 3.1

36.  Sebutna tujuane pidhato utawa sesorah !

37. Kepeye sikap sing kudu digatekake nalika pidhato utawa sesorah (3 bae) !

38. Bapak mulih numpak sepur
Tembung ing dhuwur gantinen gawe krama inggil!

KD 3.2  

39. ?kÐjbkTig[wpgÐ.
Salinana aksara Jawa ing dhuwur nganggo aksara latin !

40.   Gawea tuladha panutuping sesorah !

KUNCI JAWABAN SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2 BAHASA JAWA KELAS 6

I. Pilihan ganda
1. b 6. a 11.d 16.c 21.a
2. c 7. c 12.b 17.b 22.c
3. b 8. d 13.d 18.d 23.b
4. a 9. c 14.a 19.c 24.c
5. d 10.a 15.b 20.b 25.d
II. Isian
26. tanggap wacana
27. isi
28. cengkorongan
29. ngombe            
30. njaluk
31. kendel
32. ?ps/bw=.
33. Suryanto tuku sepatu
34. ndidik
35. krama

III. Uraian 
36.  menehi informasi/pemanggih ,menehi penglipur,kanggo pangajak-ajak
37. a. ngadeg kanthi sopan,
b. wajah kudu mesem
c. mandeng sakabehe
d. swara cetha 
e. olah tubuh sakperlune   (cukup 3 bae )
38. Bapak kundur nitih sepur
39. kerja bakti gawe pager 
40. Tuladha :  
a. Cekap semanten atur kawula, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten.
b. Mekaten atur kula, menawi wonten lepatipun atur kula nyuwun   pangapunten.
c.  Mekaten ingkang saged kula aturaken, mbokbilih wonten kekirangan utawi kirang subasita, kula nyuwun pangapunten.