Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Soal PTS atau UTS Bahasa Jawa K-13 Kelas 5 Semester 2

Soal PTS atau  UTS Bahasa Jawa K-13 Kelas 5 Semester 2

Penilaian tengah semester (PTS) atau ulangan tengah semester 2 dilaksanakan di bulan Maret sesuai dengan Kalender Pendidikan yang telah ditetapkan oleh Dinas Pendidikan. Salah satu mata pelajaran yang diujikan sesuai dengan Kurikulum 2013 (K-13) untuk jenjang kelas 5 Sekolah Dasar adalah mata pelajaran muatan lokal Bahasa Jawa.


Pemetaan Kompetensi Dasar (KD) Bahasa Jawa kelas 5 SD sesuai Kurikulum 2013 perlu dilakukan untuk mempermudah dalam melakukan penilaian hasil belajar peserta didik, mempermudah membuat soal evaluasi, mempermudah dalam membuat kisi-kisi soal serta dapat mempermudah dalam melakukan analisis soal.

Berikut KD Bahasa Jawa kelas 5 Semester 2 sesuai Kurikulum 2013

3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks cerita pewayangan/ topѐng dhâlâng.
3.6 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi pasangan aksara Jawa/ Madura sesuai dengan kaidah.

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II KELAS 5 MAPEL BAHASA JAWA


Wenehana tandha ping (x) ing huruf a, b, c, utawa d wangsulan kang bener!

KD 3.5

1. Teks sing nggambarake samubarang utawa sawijining bab kanthi kahanan sing sabenere, jlentreh, njlimet, utawa sanyatane sahingga para pamaca kaya-kaya weruh utawa ngalami dhewe bab sing diandhrake diarani teks ...
a.  narasi
b. deskripsi
c. eksposisi
d. argumentasi

2. Gatekna ciri-ciri teks ing ngisor iki!
A. Bab kang diandharake minangka asli pengamatan langsung saka panca indera.
B. Kedadeyan sing diandharake pancen bener dumadi utawa mung imajinasi/karangan wae.
C. Karangan disusun adhedhasar urutan wektu.
D. Karangan ora disusun adhedhasar urutan wektu
Sing kalebu ciri-cirine teks deskripsi yaiku ....
a.  A, B
b. B, C
c. A, C
d. A, D

3. Ing ngisor iki sing kalebu cirine karangan utawa teks narasi yaiku ....
a. Disusun adhedhasar urutan wektu.
b. Ora disusun adhedhasar urutan wektu.
c.     Paraga ora diandharake kanthi cetha.
d.    Asli pengmatan langsung panca indera.

4. Wacanen wacan ing ngisor iki!
Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang mates kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royo-royo. Kali-kali bunyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Nggiring kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.
Wacan ing nduwur kalebu teks ....
a. deskripsi
b. eksposisi
c. argumentasi
d. narasi

5. Tujuwan panulisan teks deskripsi yaiku ....
a. Kanggo ngandharake carane gawe samubarang.
b. Ngandharake kedadeyan kanthi jlentreh sahingga pamaca kaya ngamati dhewe.
c. Kanggo hiburan wong kang nulis.
d. Kanggo nyritakake pendhapate para narasumber ing wawancara.

Wacanen wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no 6 lan 7!!

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng ing sakurute kali ditanduri suket ijo.sisih kiwa kali ana sawah jembar. Tandurane pari lan jagung. Sisih tengene kali ana dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane. Meh saben puluhan meter ana wot kanggo nyabrang wong-wong kang perlu makarya menyang sawah. Sinawang pancen nyata katon endah.

6. Idhe pokok wacan ing dhuwur yaiku ....
a. Ana tanduran pari lan jagung ing pinggir sawah.
b. Ora ana uwuh ing kali.
c.     Kali ing desaku banyune isih alami tur resik.
d.     Kali ing desaku jembar.

7. Tegese uwuh ing wacan yaiku ...
a.  reget
b. woh-wohan
c. godhong
d. bocah nglangi

Wacanen wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no 8 - 10

Ekosistem mujudake sistem sing sesambungan timbal balik kang ora bisa dipisahke antarane makhluk urip karo lingkungan sakupenge. Sawah mujudake ekosistem sing wigati kanggo penguripan ing bebrayan iki krana ing sawah tetuwuhan iso thukul kanthi becik. Kanggo mbatesi sawah siji lan sijine digawekake galengan. Kajaba kanggo bates, galengan uga bisa kanggo dalan mlaku

8. Sistem kang mujudake sesambungan timbal balik antarane makhluk urip karo lingkungan sakupenge diarani ....
a.  sawah
b. ekologi
c. ekosistem
d. biologi

9. Ekosistem sing dibahas ana ing wacan ndhuwur yaiku ekosistem ...
a.  sawah
b. alas
c. kebonan
d. kali

10. Sing diarani galengan yaiku ....
a. Dalan sing nyambungake desa siji lan liyane.
b. Sesambungan antarane makhluk urip lan lingkungane.
c. Tetuwuhan sing iso thukul ing sawah.
d. Bates antarane sawah siji lan sijine sing uga kena kanggo dalan mlaku.

11. Sawah iku salah sijine ekosistem kang wigati kanggo panguripan amarga .... 
a. akeh wong sing makarya ing sawah.
b. ana galengan sing kena kanggo mlaku.
c.     kena ditanduri pari lan jagung.
d.     ing sawah tetuwuhan iso thukul kanthi becik.

12. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ekosistem sawah yaiku ....
a. Pari – kadhok – ula – elang.
b. Lumut – iwak cilik – iwak gedhi.
c.     Suket – walang - kodhok – ula.
d.     Suket – pari – pitik – iwak.

13. Kebo lan sapi ing karang padhesan bisa digunakake kanggo ....
a. kontes
b. lomba
c. hiburan
d. mluku

14. Pathokan maca cepet rata-rata sakmenite   ...   tembung.
a. 100
b. 150
c. 200
d. 250


15. Karangan kang mathuk miturut gambar ing nduwur yaiku ....
a. Ing kutha gedhe kahanane yen wayah isuk iku endah banget. Gununge isih ketara ijo, tanduran pari isih akeh, lan hawane seger banget.
b. Ing cedhake desaku ana gunung. Saben isuk srengenge metu saka walike gunung. Tetanduran isih akeh sahingga desaku katon ijo royo-royo lan hawane seger banget. Papan sawah uga isih jembar. Uga ana kali kang banyune isih resik.
c. Saben wayah sore, bocah-bocah padha dolanan bal-balan ing lapangan. Lapangane an ing cedhake sawah. ing sandhing sawah ana kali kang banyune resik.
d. Pantai iku bates antarane daratan karo lautan. Ing pantai akeh wong padha rekreasi. Tanturan sing akeh ing pantai yaiku tanduran klapa lan bakau. Hawane ing pantai seger. Mula, akeh wong dhemen rekreasi ing pantai.

KD 3.6

16. Tembung panyandra yaiku ....
a. Tetembungan utawa ukara kanggo ngalembana.
b. Tetembungan utawa ukara kanggo nyemoni / nacad
c.     Ukara kanggo madhakake samubarang.
d.     Ukara kang kedadeyan saka sampiran lan isi.

17. Ukara ing ngisor iki sing ana tembung panyandrane yaiku ....
a. Cilik-cilik gelange karet, isih cilik aja kesed.
b. Ngamuk kaya bantheng ketaton.
c.     Drijine mucuk eri.
d.     Pak Bagong brengose njrapang.

18. Salah sijine ciri tembung panyandra yaiku ....
a. kanggo madhakake samubarang.
b. Ngalembana bab-bab kang endah lan becik.
c.     dumadi saka rong ukara.
d.     kanggo nacad perangane awak

19. Ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya diarani ukara ....
a. panyandra
b. parikan
c. pepindhan
d. panyendhu

20. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane pepindhan yaiku ....
a. irunge pesek
b. ayune kaya Dewi Ratih
c. pundhake nraju emas
d. gegere sangkuk

21. Ciri-cirine pepindhan yaiku ...
a. ngalembana bab-bab kang endah lan becik
b. ana sampiran lan isi
c. kanggo nacad perangane awak
d. ngumpamakake apa wae kang tegese kaya.

22. Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni utawa nacad diarani .....
a. panyandra
b. parikan
c. pepindhan
d. panyendhu

23. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung panyendhu yaiku ...
a. irunge pesek
b. ayune kaya Dewi Ratih
c. pundhake nraju emas
d. irunge mbangir

24. Salah siji cirine tembung panyendhu yaiku ....
a.  kanggo madhakake samubarang.
b.  ngalembana bab-bab kang endah lan becik.
c.  kanggo nacad perangane awak
d.  dumadi saka rong ukara.

25. Ukara kang kedadeyan saka sampiran lan isi diarani ....
a. pepindhan
b. parikan
c. panyendhu
d. panyandra

26. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane parikan yaiku ....
a. sapi ompong, ora doyan roti
    bisa ngomong, ora bisa nglakoni
b. tatune arang kranjang
c. bangkekane nawon kemit
d. alise nanggal sepisan

27. Ciri-cirine parikan ing ngisor iki sing bener yaiku ....
a. ngalembana bab-bab kang endah lan becik
b. ana sampiran lan isi
c. kanggo nacad perangane awak
d. ngumpamakake apa wae kang tegese kaya.

28. Pikiranmu pancen    ...     , soal ngono wae ora bisa njawab.
a. dawa dikile
b. landhep dhengkul
c. rai gedheg
d. dawa tangan

29. Kembang ing taman kae katon endah nanging ambune kok arum jamban. Arum jamban tegese ....
a. wangi banget
b. ganda arum ora ana enteke
c. banger banget
d. gandane arum wangi nengsemake ati

30. Godhong kecipir mrambat kawat
        ..................................................
Jangkepe parikan ing nduwur yaiku ...
a. cah kui rembes ora tau raup
b. aja gela wis carane
c. kalah dhisik ora dadi apa
d. najan ora mampir, nanging wis liwat

Soal PTS atau UTS semester genap kelas 5 mapel Bahasa Jawa disusun berdasarkan kisi-kisi. Soal UTS mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 5 dari soal pilihan ganda. Untuk bahan persiapan anak-anak menghadapi PTS semester 2 dan Penilaian Akhir Tahun (PAT) mata pelajaran Bahasa Jawa, khususnya kelas 5 dapat mengerjakan soal-soal latihan UAS Bahasa Jawa di atas.