Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 dan Kunci Jawabannya

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2 dan Kunci Jawabannya

SekolahDasar.Net
 akan membagikan Soal Ujian Tengah Semester (UTS) atau Penilaian Tengah Semester (PTS) semester 2 muatan pelajaran Bahasa Jawa Kelas 5 SD. Soal PTS Bahasa Jawa kelas 5 semester genap ini disusun berdasarkan kisi-kisi lengkap dengan kunci jawaban. Soal UTS semester 2 Bahasa Jawa kelas 5 ini terdiri dari soal isian dan soal pilihan ganda. 

Kisi-kisi Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2

  1. Disajikan sebuah teks bacaan, siswa dapat menentukan jenis teks tersebut dengan benar
  2. Disajikan sebuah teks bacaan, siswa dapat memahami isi teks tersebut dengan benar
  3. Disajikan sebuah kalimat dari teks bacaan, siswa dapat mencari kata lain dari kata yang dicetak tebal dengan benar
  4. Disajikan sebuah teks bacaan, siswa dapat memahami isi teks tersebut dengan benar
  5. Siswa dapat menyebutkan tujuan penulisan teks deskripsi dengan benar
  6. Siswa dapat menentukan salah satu ciri teks deskripsi dengan benar
  7. Disajikan salah satu pengertian sebuah teks, siswa dapat menetukan jenis teks tersebut yang dimaksud dengan benar
  8. Siswa dapat menyebutkan salah satu ciri teks narasi dengan benar
  9. Disajikan salah satu pengertian sebuah teks, siswa dapat menetukan jenis teks tersebut yang dimaksud dengan benar
  10. Siswa dapat menentukan kecepatan membaca teks dalam tiap menit dengan benar
  11. Disajikan beberapa komponen biotik, siswa dapat menentukan jenis ekosistemnya dengan benar
  12. Siswa dapat memahami sebuah rantai makanan pada ekosistem sawah yang disajikan dengan benar
  13. Siswa dapat menjelaskan cara baca teks deskripsi dengan benar
  14. Siswa dapat menjelaskan pengertian ekosistem dengan benar
  15. Disajikan sebuah gambar ekosistem, siswa dapat menyebutkan 3 komponen abiotik / hayati dari gambar dengan benar
  16. Disajikan pengertian salah satu basa rinengga, siswa dapat menentukan jenis tembung tersebut dengan benar
  17. Disajikan sebuah kalimat dengan basa rinengga, siswa dapat menentukan jenis tembung tersebut dengan benar
  18. Disajikan sebuah kalimat dengan basa rinengga, siswa dapat menentukan jenis tembung tersebut dengan benar
  19. Disajikan sebuah kalimat rumpang dengan tembung panyandran, siswa dapat melengkapi kalimat rumpang tersebut dengan benar.
  20. Disajikan sebuah kalimat rumpang dengan tembung panyendhu, siswa dapat melengkapi kalimat rumpang tersebut dengan benar..
  21. Siswa dapat melanjutkan tembung parikan yang disajikan dengan benar
  22. Siswa dapat menyebutkan jenus tembung dari pengertian yang disajikan dengan benar 
  23. Disajikan sebuah kalimat rumpang dengan tembung panyendhu, siswa dapat melengkapi kalimat rumpang tersebut dengan benar
  24. Disajikan sebuah kalimat rumpang dengan tembung panyandran, siswa dapat melengkapi  kalimat rumpang tersebut dengan benar
  25. Siswa dapat memahami contoh tembung panyandran yang disajikan dengan benar
  26. Siswa dapat memahami nama lain dari parikan dalam Bahasa Indonesia
  27. Siswa dapat melanjutkan tembung parikan yang disajikan dengan benar
  28. Disajikan sebuah kalimat dengan tembung panyendu, siswa dapat memahami arti dari tembung panyendhu tersebut dengan benar.
  29. Siswa dapat menyebutkan 2 ciri dari tembung parikan
  30. Siswa dapat melanjutkan tembung parikan yang disajikan dengan benar

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2

Garapen soal ing ngisor iki kanthi jawaban sing paling bener !

A. KD 3.5

Wacanen kanthi setiti kanggo mangsuli soal no 1-4 !

Kebun Teh Jamus mapan ana ing kutha Ngawi. Papan iki kalebu papan wisata unggulankang busa dadi jujugan para wisatawan. Saben wayah preian mesthi akeh para wisatawan sing padha plesiran ing papan kene. Saliyane hawane adhem papan iki ugha nyuguhake sesawangan kang endah nyengsemake  ati. Nalika para wisatawan mlebu ing papan iki bakal disuguhi wit-witan teh kang ijo royo-royo. Ing papan kono uga,ana sawijining sumber lanang lan wadon kang banyune bening tur seger. Mula ora mukal menawa papan iki dadi aset wisata kangperlu dilestarekake.

1. Wacan ing dhuwur yen dideleng saka isine kalebu jenise teks ....
A. Narasi
B. Dheskripsi
C. Eksposisi
D. Argumentasi

2. Kebun Teh Jamus mapan ana ing kutha ....
A. Blitar
B. Tulungagung
C. Kediri
D. Ngawi

3. Saben wayah preian mesthi akeh wisatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung sing kcetak kandhel tegese ....
A. Sinau
B. Rekreasi
C. Mondhok
D. Nginep

4. Saliyane nyuguhake sesawangan wit-witan kang asri papan iki uga nyuguhi ....
A. Warung-warung
B. Sawah kang amba
C. Sumber lanang lan wadon
D. Alas kang wingit

5. Tujuwan panulisan teks deskripsi yaiku ....
A. Kanggo ngandharake carane gawe samubarang.
B. Ngandharake kedadeyan kanthi jlentreh sahingga pamaca kaya ngamati dhewe.
C. Kanggo hiburan wong kang nulis.

D. Kanggo nyritakake pendhapate para narasumber ing wawancara.
6. Salah sijine ciri utawa titikane teks deskripsi yaiku ....
A. Isine mujudake asil laporan kegiyatan
B. Paraga lan alur diandharake kanthi cetha
C. Karangan disusun adhedhasar urutan wektu
D. Bab kang diandharake minangka asil pengamatan langsung saka panca indra

7. Gancaran kang  isine njlentrehake kedadeyan kanthi urutan wektu diarani teks....

8. Salah siji ciri utawa titikane teks narasi yaiku karangan disusun adhedhasar urutan ....

9. Teks karangan kang nggambarake obyek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe obyek kang digambarake diarani teks .....

10. Pathakan maca cepet rata-rata sakmenite .... tembung

11. Pari, kodhok, walang, lan manuk iku kalebu ekosistem ....

12. Pari-walang-kodhok-ula-elang, yen perangan ula entek cures sing ngrembaka yaiku ....

13. Kepriye teknike utawa cara maca wacan deskripsi ?

14. Apa sing diarani ekosistem iku ?

15. Gatekna gambar ekosistem telaga ing ngisor iki!


Sebutna 3 wae komponen biotik sing ana gambar !

B. KD 3.6

16. Tembung kang wis gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, satriya, utawa kahanane alam diarani tembung ....
A. Panyandra
B. Panyendhu
C. Pepindhan
D. Parikan

17. Bocah loro kuwi pasedulurane kaya banyu karo lenga, karo dulure ora bisa rukun.
Ukara ing dhuwur nggunakake tembung ....
A. Panyandra
B. Panyendhu
C. Pepindhan
D. Parikan

18. Kecik isine sawo, rambut brintik kaya gendruwo. Ukara ngene iki diarani ....
A. Panyandra
B. Panyendhu
C. Pepindhan
D. Parikan

19. Bocah iku yen disawang pipine ....
A. Manggis karengat
B. Nduren sajuring
C. Nawon kemit
D. Ngandhan-ngandhan

20. Pikiranmu pancen .... , masa soal ngono wae anggonmu nggarap durung pener.
A. Dawa sikile
B. Rai gedheg
C. Pinter
D. Landhep dhengkul

21. Wedang bubuk gula tebu, mata ngantuk ....
Bacute parikan kasebut yaiku ....
A. Entuk melu
B. Rasa ngelu
C. Njaluk turu
D. Mangan duku

22. Kanggo ngarani perangane awak sing elek diarani ....

23. Bocah sing swarane .... yen ngomong angel dirungokake.

24. Bocah kuwi pancen merak ati, untune miji timun, bangkekane ....

25. Sing dicandra kaya macan luwe yaiku ....

26. Yen ing Bahasa Indonesia parikan uga diarani ....

27. Tawon madu ngisep sekar, golek ngilmu kudu ....
Bacute parikan ing duwur yaiku ....

28. Pak Paino saiki lagi susah lan bingung banget, amarga utange wis nyundul langit.
Apa tegese utange nyundul langit ?

29. Sebutna 2 wae ciri utawa titikane tembung parikan !

30. Sepet-sepet sawone mentah.
Bacutna parikan kasebut !

Kunci Jawaban Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2

KD 3.5
1. B
2. D
3. B
4. C
5. B
6. D
7. Narasi
8. Wektu
9. Deskripsi
10. Tembung
11. Sawah
12. Kodhok
13. Lafal kudu cetha lan teteh
Intonasi kudu trep
Nggateake mandheg sauntara (jeda tanda koma) lan mandheg kanthi tanda titik
14. Sesambungan timbal balik sing ora bisa dipisahake antarane unsur hayati karo nonhayati ing sajroning lingkungan
15. Sapi, kodhok, bangau, wit-witan, lan sak piturute.
(kebijakan guru)

KD 3.6
16. A
17. C
18. D
19. B
20. D
21. C
22. Panyendhu
23. Bindheng
24. Nawon kemit
25. Lakune
26. Pantun
27. Sabar
28. Utange akeh banget
29. Perangan 1 lan 3 cacahing wanda padha
Perangan 2 lan 4 cacahing wanda padha
Perangan 1 lan 2 cacahing mujudake bebuka
Perangan 3 lan 4 cacahing mujudake isi
(Kebijakan guru)
30. Diempet-empet selak ora betah

Soal PTS kelas 5 semester 2 muatan pelajaran Bahasa Jawa lengkap dengan kunci jawabannya diperoleh dari internet. Soal di atas dapat dijadikan referensi dan bahan belajar untuk penilaian harian, penilaian tengah semester, dan penilaian akhir tahun. Jika ada kesamaan pada keseluruhan soal dengan soal yang Anda susun, hubungi Admin jika keberatan. Semoga bermanfaat.