Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Soal Penilaian Akhir Semester 2 Bahasa Jawa Kelas 5 dan Kunci Jawabannya

Soal Penilaian Akhir Semester 2 Bahasa Jawa Kelas 5

SekolahDasar.Net
 akan membagikan Soal Akhir Semester 2 atau Penilaian Akhir Tahun (PAT) muatan pelajaran Bahasa Jawa Kelas 5 SD/MI. Soal Bahasa Jawa kelas 5 semester genap ini disusun berdasarkan kisi-kisi lengkap dengan kunci jawabannya. Soal penilaian akhir semester 2 muatan lokal Bahasa Jawa kelas 5 ini terdiri dari soal isian dan soal pilihan ganda. 

Lihat juga : Kisi-Kisi Soal Penilaian AKhir Semester 2 Bahasa Jawa Kelas 5

Soal Penilaian Akhir Semester 2 Kelas 5 Mapel Bahasa Jawa

Garapen soal ing ngisor iki kanthi jawaban sing paling bener !

A. KD 3.1

Wacanen kanthi setiti kanggo mangsuli soal no 1-6 !

Gunung Bromo

Gunung Bromo iku sawijining gunung sesawangan kang endah ing laladan Kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sumliwer ing kupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadoan katon kali kang iline banter. Swarane banyu gomrojog. Saking bantere cumripat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem. Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nenandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nenandur janganan.

Wayah isuk ing kawasan Gunung Bromo endah banget. Ing sisih wetan katon sumamburat abang. Mbaka sethithik srengenge mencorong padhang. Sadawane sesawangan savana, suket ijo kaya dene gelaran. Embun-embun kang nelesi gegodhongan saya suwe ilang nguwap amarga srengenge tansaya panas. Wong-wong wis miwiti pakaryane. Ana sing ngiderake jarane kanggo tetunggangan para wisatawan. Ana wong kang ngiderake panganan. Ana kang mider nunggang motor tril ngiteri kawasan gunung.

Uga ana andha tumuju pucuke gunung. Ing pucuke gunung ana beluk kumebul saka njerone gunung. Sapa dolan menyang Bromo, kaya aras-arasen ninggalake sesawangan kang nyata endah dinulu mata.

1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku....
A. Gunung Bromo
B. Gunung Kelud
C. Gunung Semeru
D. Gunung Merapi

2. Wacan ing dhuwur yen dideleng saka isine kalebu jenise teks ....
A. Narasi
B. Deskripsi
C. Persuasi
D. Eksposisi

3. Sakupenge Gunung Bromo ana sesawangan kabut, manuk-manuk lan .... kang ijo royo-royo
A. Sawah
B. Kewan-kewan
C. Banyu kali
D. Thethukulan

4. Gunung Bromo mapan ing kutha ....

5. Kawasan Gunung Bromo hawane ....

6. Ing pucuke Gunung Bromo ana beluk kumebul saka .... gunung

7. Sebutna 3 wae ciri-cirine teks deskripsi !

8. Sebutna 3 wae sing kalebu ekosistem banyu tawar !

B. KD 3.3

9. Basa kang endah utawa basa sastra, endahe karana dipaesi/direngga-rengga diarani ....
A. Basa krama
B. Basa rinengga
C. Basa bagongan
D. Basa rama desa

10. Dhasar bocah udele bodong, dikongkon ngalor malah ngetan.
Ukara ing dhuwur nggunakake tembung ....
A. Panyandra
B. Panyendhu
C. Pepindhan
D. Parikan

11. Nalika ana lindhu gedhe wong desa kene polahe kaya ....
A. Kethek ketulup
B. Bantheng ketaton
C. Gabah diinteri
D. Bata rubuh

12. Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani ....

13. Mbak Ranti kuwi lakune alon nengsemake kaya macan ....

14. Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep ....

15. Gawea ukara nganggo tembung  ing ngisor iki !
a. Drijine mucuk eri
b. Lambene domble

16. Sapi ompong, ora doyan roti
Bisa ngomong,......................
Bacutna parikan kasebut !

C. KD 3.5

Wacanen kanthi setiti kanggo mangsuli soal no 17-22 !

Kurawa Kawirangan

Paman Yama Widura was sumelang penggalihe. Mula sawise Ibu Kunthi lan para Pandhawa budhal menyang Waranawata, enggal utusan abdi kinasihe. Kanana diutus gawe trowongan. Trowongan mau kudu bisa dadi dalan, samangsa ana kedadean kang mbebayani tumrap Ibu Kunthi lan para Pandhawa. Ing wektu kang wis ditemtokake, nalika rembulan ndadari sumunar padhang, Kurawa lan Patih Sengkuni nindakake culikane. Purucana diutus ngobong Bale Sigala-gala nalika kabeh padha turu kepati, sauntara Kurawa padha njagani ing sajabane.

Temenan, sedhela bae Bale Sigala-gala dadi geni mangalat-alat. Bale kang digawe saka damar mau mulad-mulad kobar. Hawa panas lan beluk kandel, nangekake para Pandhawa. Bima enggal nggendhong Nakila lan Sadewa. Arjuna golek dalan kanggo uwal saka geni. Puntadewa nggandheng Ibu Kunthi.

Dumadakan ana garangan putih mlebu ing leng kang digawe dening Kanana. Pandhawa lan Ibu Kunthi ngetutake garangan putih mau. Slamet, waras wiris ora nandang apa-apa. Metu saka trowongan wis ana ing sapinggire alas Waranawata. Garangan putih mau ora liya Hyang Antaboga kang nedya mitulungi Dewi Kunthi lan para Pandhawa.

Sauntara Kurawa ngguyu lakak-lakak. Duryudana, Patih sengkuni, Dursasana, lan adhi-adhine rumangsa marem atine. Seneng bisa nyingkirake Pandhawa selawase. Ora ngerti yen tumindhak culikane mau bakal nuwuhake urip sengsara kanggo Kurawa lan Hastinapura.

17. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Bale Sigala-gala
B. Pandhawa
C. Kurawa
D. Kurawa Kawirangan

18. Sing diutus gawe trowongan yaiku ....
A. Paman Yama Widura
B. Kanana
C. Pandhawa
D. Garangan Putih

19. Sing ora dadi tokoh utawa paraga miturut wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Dewi Kunthi
B. Patih Sengkuni
C. Duryudhana
D. Dasamuka

20. Bale Sigala-gala digawe saka ....

21. Garangan putih sing mitulungi Dewi Kunthi lan para Pandhawa sejatine ....

22. Sing dadi tokoh antagonis miturut wacan ing dhuwur yaiku ....

23. Sapa wae sing diarani Pandhawa iku ?

24. Sebutna 3 wae piranti kanggo pagelaran wayang !

D. KD 3.6

25. Ing ngisor iki sing dudu sandhangan aksara jawa yaiku ....
A. Sandhanagn Swara
B. Sandhangan panyigeg wanda
C. Sandangan Wyanjana
D. Sandhangan dentawyanjana

26. Sandhangan wulu iku kanggo swara ....
A. o
B. u
C. i
D. a

27. Jawa Timur, yen dituli nganggo aksara jawa sing bener yaiku ...
28. Aksara jawa legena sing uga diarani carakan jawa cacahe ana ....

29. yen ditulis nganggo aksara latin muni ....

30. yen ditulis nganggo aksara latin muni ....

31. Sebutna 3 wae sing kalebu sandhangan panyigeg wanda !

32. Suprih mangan tahu

Tulisen ukara ing dhuwur nganggo aksara jawa !

Kunci Jawaban Soal Penilaian Akhir Semester 2 Kelas 5 Mapel Bahasa Jawa

1. A
2. B
3. D
4. Probolinggo
5. Adhem
6. Njerone
7. Ngandarake sawijining obyek/barang, ora disusun adhedhasar urutan wektu, asil pengamatan langsung saka panca indra. (kebijakan guru)
8. Tlaga, sumur, banyu kali, danau lan sak piturute (kebijakan guru)

9. B
10. B
11. C
12. Panyandra
13. Luwe
14. Sinau
15. Kebijakan guru
16. Ora bisa nglakoni

17 D
18 B
19 D
20 Damar
21 Hyang Antaboga
22 Kurawa/Duryudana/Sengkuni/Dursasana
23 Puntadhewa/Yudistira, Bima/Werkudara, Arjuna/Janaka, Nakula, Sadewa
24 Kothak, wayang kulit, kelir, blencong, gedebog, cempala/keprak lan kepyek

25 D
26 C
27 A
28 20
29 Tuku sate pitik
30 Aku krasa luwe
31 Wigyan, layar, ceceg/cecak, pangkon
32

Soal ulangan kelas 5 semester 2 muatan pelajaran Bahasa Jawa lengkap dengan kunci jawabannya diperoleh dari internet. Soal di atas dapat dijadikan referensi dan bahan belajar untuk penilaian harian, penilaian tengah semester, dan penilaian akhir tahun. Jika ada kesamaan pada keseluruhan soal dengan soal yang Anda susun, hubungi Admin jika keberatan. Semoga bermanfaat.