Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Soal PAT Kelas 5 Mapel Bahasa Jawa dan Kunci Jawabannya

Soal PAT Kelas 5 Mapel Bahasa Jawa dan Kunci Jawabannya

Muatan lokal (mulok) Bahasa Jawa menjadi salah satu mata pelajaran yang diajarkan di SD yang terpisah dengan tematik. Penilaian akhir tahun (PAT) atau dulu dikenal dengan ulangan akhir semester 2 (UAS) dilaksanakan di bulan Mei.

SekolahDasar.Net akan membagikan soal penilaian akhir tahun atau UAS semester 2 pelajaran muatan lokal Bahasa Jawa kelas 5 sesuai Kurikulum 2013 yang disertai dengan kunci jawabannya. Berikut soal PAT Bahasa Jawa kelas 5 SD/MI.

SOAL PENILAIAN AKHIR TAHUN KELAS 5 MAPEL BAHASA JAWA


Wenehana tandha ping (x) ing huruf a, b, c, utawa d wangsulan kang bener!

1. Teks sing nggambarake samubarang utawa sawijining bab kanthi kahanan sing sabenere, jlentreh, njlimet, utawa sanyatane sahingga para pamaca kaya-kaya weruh utawa ngalami dhewe bab sing diandhrake diarani teks ...
a. deskripsi
b. narasi
c. argumentasi
d. eksposisi

2. Sing kalebu cirine teks dheskripsi ing ngisor iki yaiku ....
a. Ana paraga lan pewatakane.  
b. Karangan disusun adhedhasar urutan wektu.
c. bab kang diandharake minangka asli pengamatan panca indera.
d. Kedadeya kang diandharake mung imajinasi wae.

3. Ngandharake sawijining objek utawa kedadeyan kanthi jlentheh lan cetha, iku cirine teks ....
a. dheskripsi
b. narasi
c. argumentasi
d. eksposisi

4. Wacanen wacan ingisor iki!

Tlaga Ngebel ambane 1,5 Km dikupengi dalan sing dawane 5 Km. Saka kadohan, banyu tlaga sing bening kena sunare srengenge katon pating klerap kaya mutiara kutah ing tlaga. Tetuwuhan ing sakiwatengene tlaga katon ijo royo-royo. 

Wacan ing dhuwur kalebu karangan ....
a. eksposisi
b. argumentasi
c. dheskripsi
d. narasi

5. Tembug tetuwuhan nduweni teges ....
a. kewan
b. tanduran
c. makhluk hidup
d. reget

6. Wacanen wacan ingisor iki kanggo mangsuli pitakon no 6 lan 7!

Isih durung bisa daklalekake, sesawangan kang endah ing sadawane Pesisir Prangtritis. Ombake gedhe-gedhe kaya uber-uberan. Banyune bening katon klerap-klerap. Saambane panyawang mung ana wedhi rupane putih. Ora ana kayu, wit-witan, apa dene watu kang ngalang-ngalangi panyawang. Saka kadohan katon gumuk-gumuk cilik. Sikilku krasa anyep amarga kesempyok iline banyu segara. Nalika banyune nyiprat nganti lambeku, rasane krasa sing.

Idhe pokok wacan ing dhuwur yaiku ....
a. Banyu segara rasane asin.
b. Ora ana kayu, wit-witan, apa dene watu kang ngalang-ngalangi panyawang.
c. Kahanane Pantai Popoh.
d. Sesawagan kang endah ing sadawane Pesisir Parangtritis.

7. Kahanane banyu ing Pesisir Parangtritis yaiku ...
a. katon buthek
b. katon bening
c. gedhe kaya uber-uberan
d. rupane ijo klerap-klerap

8. Tetembungan utawa ukara kanggo ngalembana diarani tembung ....
a. panyendu
b. parikan
c. panyandra
d. pepindhan

9. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung panyandra kang bener yaiku ....
a. Ratih iku pancen ayu, alise nanggal sepisan.
b. Tati yen mlaku lembehane nraju mas.  
c. Tandangane kaya banteng ketaton.
d. Godhong waru bolong-bolong, bocah ayu moblong-moblong.

10. Cirine tembung panyandra yaiku ...
a. ana sampiran lan isi.
b. edadeyan saka rong baris.
c. kanggo nacat perangane awak
d. kanggo ngalembana

11.Ukara utawa tetembungan kang digunakake kanggo nyemoni utawa nacad diarani tembung utawa ukara ...
a. panyandra
b. panyendhu
c. parikan
d. pepindhan

12. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung panyendhu yaiku ....
a. Drijine Surti mucuk eri.
b. Bocah kui pancen merak ati, untune miji timun.
c. Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau.
d. Parmin sikile dhingklang naging isih isa mlayu banter.

13. Salah siji cirine ukara panyendhu yaiku ....
a. Kanggo nacad perangne awak.
b. Kanggo ngalembana barang sing apik
c. kanggo ngumpamakake apa wae kang nduweni teges kaya
d. ukara kapisan diarai sampiran

14. Ukara kanggo ngumpamakake apa wae kang nduweni teges kaya utawa memper diarani ukara ....
a. panyandra
b. panyendhu
c. parikan
d. pepindhan

15. ing ngisor iki sing kalebu pepindhan yaiku ....
a. ayune kaya Dewi Ratih.
b. pipine kempot
c. bangkekane nawon kemit
d. tangane nggandewa pinentang

16. ............
Yen wis makmur, aja lali marang sedulur
Supaya dadi parikan kang apik, cecceg-ceceg ing ndhuwur diisi ....
a. manuk kutut mencok gadhang tebu.
b. wajik klethik gula klapa.
c. kembang menur tinandur pinggiring sumur.
d. luwih becik wong kang prasaja

17. Abang-abang ora legi
.....
Terusane parikan ing ndhuwur sing bener yaiku ...
a. polahe kaya gabah diinteri
b. klambi abang merak ati
c. nduwe driji sing mucuk eri.
d. kudu manut lan sregep sinau

18. Kabudhayan Indonesia kang wis diakoni minangka barang warisan donya dening UNESCO tanggal 7 November 2013 yaiku ....
a. batik
b. kain sutera
c. lagu daerah
d. wayang kulit

19. Crita pewayangan ing Indonesia dijukuk saka ....
a. epos Mahabarata lan Ramayana
b. kitab Sutasoma
c. kitab Negarakertagama 
d. kitab Arjunawiwaha

20. Paraga ing pagelaran wayang kulit kang tugase nglakokake wayang diarani ....
a. dhagelan
b. waranggana
c. dhalang
d. sindhen

21. Piranti ing pagelaran wayang kulit kang mujudake lemah yaiku ....
a. kelir
b. debog
c. lampu
d. keris


22. Ing sisih dhuwur iki gambare ....
a. Anoman
b. Arjuna
c. Gathutkaca
d. Petruk

23. Ing ngisor iki sing gambare anoman yaiku ....


24. Wacanen wacan ing ngisor iki!

Kurawa ngira para Pandhawa wis padha turu nglepus. Bale sigala-gala banjur diobong dening Kurawa. Sadela wae urube geni murap-murap ngobong pasanggrahan Bale sigala-gala. Raden Bratasena enggal mencolot nyaut ibune lan para kadang-kadange digendhong metu saka jero Bale Sigala-gala iku. Dumadakan ing ngarepe ana garangan putih sing methukake. Raden Bratasena kelingan dhawuhe Bathara Indra karo Bathara Brahma. Dheweke banjur ngetutake playune garangan putih, sing nudhuhake dalan luwar saka bebaya.

Miturut wacan ing ndhuwur, sing nduweni watak ala yaiku ....
a. Pandhawa
b. raden Bratasene
c. garangan putih
d. Kurawa

25. Prabu Kangsadewa ngno adipati ing Kadipaten Sengkapura, putra kuwalone prabu Basudewa putrane narendra buta Prabu Gorawangsa.
Narendra ing ukara ndhuwur nduweni teges ....
a. raja/ratu
b. prajurit
c. adipati
d. buta

26. Janaka nduweni panah kang aran ....
a. Gada Rujakpolo
b. pasopati
c. alugara
d. wesi kuning

27. Raden Gathutkaca satriya ing ....
a. Ngalengka
b. Mandura
c. Pringgondani
d. Astina

28. Tembung iki diwaca   ....
a. sapi ireng
b. sapi putih
c. dasi putih
d. dasi ireng

29. Cacahe aksara jawa ana ....
a. 15
b. 20
c. 26
d. 30

30. Tembung iki diwaca ....
a. lali adus
b. kula resik
c. kali resik
d. kali reget

31. golek cacing, yen ditulis aksara jawa dadi ....


32. Yen diwaca unine ....
a. tuku sega goreng
b. tumbas sega goreng
c. tuku sega pecel
d. tuku sega tahu

33. Ing ngisor iki pasangan aksara jawa sing panulisane ana ing nduwur utawa ing sisihe aksara sing dipasangi, kajaba ....
a. ha
b. ra
c. sa
d. pa

34. Sandhangan taling tarung iku kanggo swara ....
a. a
b. i
c. u
d. o

35. Ukara kasebut menawa ditulis latin unine ....
a. reresik lingkungan sekolah.
b. resik-resik lingkungan sekolah.
c. reresika lingkungan sekolah.
d. resik-resik lingkungan sekolahan.

KUNCI JAWABAN SOAL PAT KELAS 5 MAPEL BAHASA JAWA

Soal PAT atau UAS semester genap kelas 5 SD/MI mapel Bahasa Jawa disusun berdasarkan kisi-kisi. Kunci jawaban soal penilaian akhir tahun atau UAS semester 2 mata pelajaran muatan lokal Bahasa Jawa kelas 5 K-13 di atas dapat dilihat melalui link berikut ini:


Untuk bahan persiapan anak-anak menghadapi ujian akhir tahun atau ulangan akhir semester 2 mata pelajaran Bahasa Jawa, khususnya kelas 5 SD dapat mengerjakan soal-soal latihan ulangan Bahasa Jawa di atas yang disertai dengan kunci jawabannya melalui video berikut ini.