Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Soal Penilaian Akhir Tahun Kelas 1 Mata Pelajaran Bahasa Jawa K-13


Salah satu mata pelajaran yang diajarkan sesuai dengan Kurikulum 2013 (K-13) untuk jenjang kelas 1 SD/MI adalah mata pelajaran muatan lokal Bahasa Jawa. Kompetensi Dasar (KD) Bahasa Jawa aspek pengetahuan (KI-3) yang diujikan pada Penilaian Akhir Tahun (PAT) pada semester genap kelas 1 SD/MI sesuai K-13 adalah sebagai berikut:

3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks terima kasih, permintaan maaf, dan sikap kasih sayang dengan bantuan guru atau teman secara lisan dan tulis. 

3.6 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks cerita diri tentang keluarga dengan bantuan guru atau teman secara lisan dan tulis.

3.7 Mengenal dan memahami teks tembang dolanan / laghu ѐn-maѐnan 

SekolahDasar.Net akan membagikan soal latihan PAT kelas 1 SD/MI atau penilaian kahie semester II mata pelajaran Bahasa Jawa. Penilaian dilakukan untuk mengukur pencapaian kompetensi siswa kelas 1. Soal PAT Bahasa Jawa kelas 1 SD/MI dibuat berdasarkan kisi-kisi indikator Kompetensi Dasar (KD) yang muncul pada semester genap.


Soal PAT Kelas 1 Muatan Pelajaran Bahasa Jawa K-13


KD.3.5 Wacanen kang patitis, banjur garapen soal ing sangisore !

Dolanan Bebarengan Devika, Eka, lan Tasya tansah dolanan bebarengan. Devika dolanan boneka, Eka dolanan omah-omahan, dene Tasya sepedhahan. Nalika Eka disilihi boneka dening Devika, Eka seneng banget. Devika nyilih sepedhahe Tasya. Nalika numpak sepedhah, ban ngarep nyandung watu, banjur Devika tiba. Sepedhahe Tasya rusak. Banjur Devika nyuwun pangapura marang Tasya.

Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, utowo c ing ngarep wangsulan kang bener !

1. Nalika Eka disilihi boneka dening Devika, Eka ngucap....
A. Sepurane Devika, aku nyilih bonekamu. 
B. Matur nuwun Devika, aku kosilihi boneka. 
C. Aku gela karo kowe Devika, kerana kosilihi boneka.

2. Atur panuwun diucapake nalika ....
A. disilihi dolanan dening kanca 
B. ngrusakne dolanane kanca 
C. delikake dolanane kanca

3. Devika ngrusakne sepedhahe Tasya, Devika ngucap....
A. Matur nuwun Tasya, sepedhahmu wis tak rusakne. 
B. Sesuk nyilih sepedhahe maneh ya, Tasya.
C. Nyuwun pangapura Tasya, sepedhahmu wis tak rusakne. 

4. Nalika sepedhahe rusak Tasya nangis, banjur Eka nglipur kanthi ngucap.... 
A. Aja nangis Tasya, sepedhahe mengko didandani, ayo saiki tak terne mulih. 
B. Aja nangis Tasya, ya ben sepedhahe rusak. 
C. Aja nangis Tasya, mengko tuku sepedhah maneh.

Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana tembung kang mathuk !

5. Dina riyaya saya cedhak, aku dipundhutake klambi anyar dening ibu. Aku ngucap... marang ibu.

6. Dewi ora sengaja mecahne piring nalika mbantu ibu isah-isah. Dewi banjur ... marang ibu.

7. Apa sing diucapake nalika sungkem wong tuwa ing dina riyaya ? 

8. Raka kepethuk Bu Wati ing wayah isuk. Kepriye pangucape Raka nalika nyapa bu Wati? 

KD. 3.6 Gatekna critane Beni ing ngisor iki, banjur garapen soal ing sangisore ! 

Kanca-kanca, Aku duwe pengalaman sing ora bisa taklalene. Nalika aku dolan menyang daleme simbah, wektu kui pas banjir. Merga sewengi udane deres, mulane banjir. Banyune mlebu omah. Sawise banyune asat, aku melu ngrewangi resik-resik.

Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, utowo c ing ngarep wangsulan kang bener !

9. Beni lunga menyang omahe .... 
A. budhe 
B. bulik
C. simbah 

10. Wektu kui nek daleme simbah pas ana kedadeyan ... 
A. banjir
B. tanah longsor 
C. kobongan 

11. Banjir ing daleme simbahe Beni disebabake dening ....
A. merga angine banter 
B. merga ketiga dawa
C. merga sewengi udane deres 

12. Yen mbuwang wuh kudu ing .... 
A. Kalinan 
B. pawuhan
C. kebonan

Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana tembung kang mathuk ! 

13. Kelas-kerja-mbubuti - siji-suket-bakti
Tembung ing ndhuwur yen ditata dadi ukara sing bener yaiku ...

14. Supaya uripe subur tanduran kudu .... 

15. Coba sebutna piranti sing biasane digawa nalika kerja bakti!

16. Apa manfaate ing ngarep kelas ditanduri kembang ?

KD. 3.7 Wacanen kang patitis tembang dolanan ing ngisor iki !

Menthok-Menthok 
Menthok-menthok tak kandhani 
Mung solahmu angisin-ngisini 
Mbokya aja ngetok ana kandhang wae 
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe 
Menthok-menthok mung lakumu 
Megal-megol gawe guyu

Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, utowo c ing ngarep wangsulan kang bener ! 

17. Menthok-menthok kuwi kalebu jinise tembang ... 
A. cilik 
B. dolanan
C. macapat 

18. Sasolahe menthok kuwi mesthi ....
A.nyenengake 
B. angisin-ngisini 
C. nyebelake 

19. Anane menthok dikandhani jalaran ....
A. lakune megal-megol 
B. ora nyambut gawe
C. tansah nyenengake 

20. Mung solahmu angisin-ngisini.
Solahmu tegese.... 
A. rupamu 
B. turumu
C. obahmu

Ceceg- ceceg ing ngisor iki isenana tembung kang mathuk !

21. Kewan menthok iku manggone ana ing .... 

22. Menthok-menthok tak kandhani.
Tegese tembung kang kacethak miring yaiku ... 

23. Apa sing njalari menthok tansah gawe guyu?

24. Apa pitutur kang ana ing jroning tembang Menthok-Menthok?

Download Naskah Soal PAT Kelas 1 Mapel Bahasa Jawa

Selengkapnya naskah soal penilaian akhir tahun atau PAT kelas 1 SD/MI mata pelajaran Bahasa Jawa sesuai K-13 yang berformat .pdf yang belum disertai dengan kunci jawabannya dapat didownload dengan mudah melalui tautan berikut ini:


Soal PAT Kelas 1 SD/MI Bahasa Jawa disusun berdasarkan kisi-kisi terdiri dari soal pilihan ganda, isian singkat, dan uraian. Untuk bahan persiapan anak-anak menghadapi ujian kelas 1 mapel Bahasa Jawa K-13 dapat mengerjakan soal-soal latihan di atas