Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Soal PAS Semester 1 Kelas 5 Bahasa Jawa dan Kunci Jawabannya

Soal PAS Semester 1 Kelas 5 Bahasa Jawa dan Kunci Jawabannya

Penilaian akhir semester (PAS) semester ganjil dilaksanakan di awal bulan Desember sesuai dengan Kalender Pendidikan yang telah ditetapkan oleh Dinas Pendidikan. Salah satu mata pelajaran yang diujikan sesuai dengan Kurikulum 2013 (K-13) revisi terbaru untuk jenjang kelas 5 Sekolah Dasar (SD) adalah mata pelajaran muatan lokal Bahasa Jawa.

Kompetensi Dasar (KD) Bahasa Jawa yang diujikan pada PAS semester ganjil kelas 5 K-13 adalah sebagai berikut:

3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks narasi atau deskripsi.
3.2 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks tentang peristiwa  faktual secara lisan dan tulis.
3.3 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi berbagai ragam gaya bahasa (basa rinengga/ lalongèt) dalam konteks komunikatif.
3.4 Mengenal,  memahami, dan mengidentifikasi tembang macapat sesuai dengan kaidah.

SekolahDasar.Net akan membagikan soal dan kunci jawaban penilaian akhir semester 1 untuk kelas 5 mata pelajaran Bahasa Jawa. Soal PAS semester 1 Kelas 5 mapel Bahasa Jawa disusun berdasarkan kisi-kisi indikator Kompetensi Dasar (KD) Bahasa Jawa Kurikulum 2013. Berikut soal penilaian akhir Bahasa Jawa Kelas 5 semester ganjil:

SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER I KELAS 5 BAHASA JAWA

Wulangan 1 (KD 3.1)

Wacanen kanthi setiti crita ing ngisor iki!

Tlaga Sarangan

  Kaya ora bisa tak lalekake kaendahane alam ing Tlaga Sarangan, sesawangane endah lan nengsemake. Hawane sing seger, banyune tlaga sing bening, lan wit-witan kang katon ijo royo-royo nambahi endahe sesawangan lan reseping swasana. Sapa wae sing plesiran menyang Tlaga Sarangan mesthi krasan.

Ing sakiwa tengene dalan tumuju tlaga sesawangnae nyenengake banget. Sadawane dalan bisa disawang kaendahane alam kang bisa agawe mareming ati. Saben dina akeh para wisatawan sing padha plesir menyang Tlaga Sarangan. Ing tlaga sarangan kajaba bisa ngrasakake endahe sesawangan, sing pingin numpak prahu ngubengi tlaga uga wis disediyani. Sing pingin nunggang jaran uga ana. Mukane saben dian ing papan wisata Tlaga Sarangan kuwi ajeg rame ditekani para wisatawan.

1. Yen dideleng saka jenise wacan ing dhuwur kalebu....
A. Narasi
B. Deskripsi
C. Argumentasi
D. Eksposisi 

2. Miturut wacan ing dhuwur, sing ora gambarake kahanane Tlaga Sarangan yaiku ....
A. Hawane seger lan banyune bening
B. Wit-witane katon ijo royo-royo
C. Ing Tlaga Sarangan bisa nunggang gajah
D. Ing Tlaga Sarangan bisa numpak prahu

3. 1. Bisa dirasakake nggunakake panca indra
2. Ana paraga
3. Nggambarake samubarang
4. Ana unsur tumindak/tingkah laku

Sing kalebu ciri-ciri teks narasi yaiku nomer ....
A. 1 lan 3
B. 2 lan 3
C. 1 lan 4
D. 2 lan 4

4. 1. Dakon
2. Bentengan
3. Cublak-cublak suweng
4. Play station
Sing ora kalebu dolanan tradisional yaiku nomer....
A. 4
B. 3
C. 2
D. 1

5. Perangan teks ing ngendi paraga utawa tokoh mbudidaya ngudari prakara kang njiret lelakone diarani ....

6. Maca teks narasi kudu nggatekake jeda, salah sisjine yaiku mandheg sedhela kang ditandhai tanda wacan ....

7. Teks kang nduweni ciri kanggo sing maca lan sing ngrungokake kaya-kaya ngrasakake dhewe kahanan kuwi yaiku teks ....

8. Sebutna bedane teks narasi lan teks dekskripsi 3 wae !

Wulangan 2 (KD 3.2)

Gatekna Pawarta ing ngisor iki!

SURABAYA (Penyebar Semangat) : Artis Yulia Rahmawati utawa kang akrab senebut Julia Perez (Jupe) tinggal donya ing Rumah sakit Cipto Mangunkusumo Jakarta, Setu (10/6). Artis kang moncer krana mbintangi sawetara sinetron lan film iku tinggal donyo sawise berjuwang nglawan lelara kanker serviks limang sasi pungkasan iki. Jisime Jupe kapetak ing Tempat Pemakaman Umum Pondok Ranggon Jakarta diuntabake dening mitra-mitrane artis dalah masyarakat. Jroning lelarane, Jupe wis nglakoni maneka operasi lan kemoterapi. Sadurunge tinggal donyo kahanane artis 36 taun iki ngedrop ora sadar.

9. Ukara ing ngisor iki sing ora cocok karo isine pawarta ing dhuwur yaiku ....
A. Jupe iku artis sinetron lan film
B. Jupe tinggal donya dina Setu
C. Jupe lara kanker serviks wes limang taun
D. Jupe wis nglakoni maneka operasi lan kemoterapi

10. Salah siji cirine teks pawarta yaiku kadadeyane lagi wae dumadi sing uga diarani ....
A. Aktual
B. Nyata
C. Kronologis
D. Unik

11. Adhedasar lingkungan geografis, pawarta diperang dadi....
A. Pawarta medhia cetak, elektronik lan sosial
B. Pawarta politi, hukum lan budaya
C. Pawarta lokal, regional lan Internasional
D. Pawarta dadakan, ndinan lan crita

12. Pawarta kang diandaharake ngenani penemu/pendapat, gagasan saka wong sing mumpuni diarani pawarta ....
A. Langsung
B. Opini
C. Jangkep
D. Andharan

13. Teks pawarta duweni ciri valid yaiku sumber saka pawarta kudu bisa ....

14. teks pawarta kudu tansah nggatekake alon utawa cepete anggone maca pawarta sing uga diarani ....

15. Mbah Bejan seneng ngrungoake pawarta ing radio. Mbah Bejan ngrungoake pawarta nggunakake medhia ....

16. Sebutna unsur-unsur sing kudu digatekake nalika maca teks pawarta !

Wulangan 3 (KD 3.3)

17. 1. Gagah prakosa
2. Ayem tentrem
3. Wayang kulit
4. Beras ketan

Sing kalebu tembung saroja yaiku nomer ....
A. 1 lan 2
B. 3 lan 4
C. 1 lan 4
D. 2 lan 3

18. Tembung loro utawa luweh sing dirangkep dadi utawa digabung dadi siji diarani tembung ....
A. Saroja
B. Entar
C. Comboran
D. Garba

19. Pardi dadi bocah pancen .... dikandani kaya apa panggah bandel wae.
A. Jembar segarane
B. Kandel kupinge
C. Weteng karet
D. Lunyu ilate

20. Bocah iku pancen landhep dhengkul, diterangna bola-bali tetep ora mudheng. Landhep dengkul tegese ....
A. Pinter
B. Sregep
C. Cerdas
D. Bodo

21. Sadurunge mlebu ngomah kudu uluk .... luwih disek.
Tembung sing cocok kanggo ngisi titik-titik ing dhuwur yaiku ....

22. Ing Tulungagung, yen wayah bengi akeh wong dodolan kopi turut perko. “Perko” lumrahe cekakan saka tembung ....

23. Nang kene ono bocah seng dawa tangane lo, mula yen nyeleh barang sing ngati-ngati !.
Tembung dawa tangane ing ukara dhuwur tegese ....

24. Gawea ukara sing mathuk nganggo tembung ing ngisor iki !
a. Tata krama
b. Nasgithel
c. Gedhe ndase

Wulangan 4 (KD 3.4)

25. Puisi tradisional jawa kang awujud tembang jalaran carane maca sarana kudu dilagoake lan kaiket paugeran-paugeran tertamtu diarani tembang ....
A. Dolanan
B. Macapat
C. Campursari
D. Tengahan

26. Ing ngisor iki sing kelebu tembang macapat, kejaba....
A. Sinom, pangkur, gambuh
B. Maskumambang, gambuh, dhandhanggula
C. Kinanti, durma, mijil
D. Kidang talun, asmarandana, sinom

27. Guru lagu lan guru wilangane tembang gambuh yaiku ....
A. 12u,6a,8i,12a
B. 12i,6a,8i,8a
C. 7u,10u,12i,8u,8o
D. 12u,8i,8u,8i,8u

28. Tembang macapat sing nduweni watak sedhih, kuciwa trenyuh yaiku ....
A. Sinom
B. Dhandhanggula
C. Maskumambang
D. Gambuh

29. Gatekna tembang pucung ing ngisor iki !

Murid iku wajib bekti lan mituhu
Pituture dwija
Sabarang reh, ngati-ngati
Tata krama, empan papan, katindakna

Tembang pucung iku guru gatrane ana .... larik

30. Guru wilangan lan guru lagune tembang pucung ing dhuwur yaiku ....

31. Tembung “mituhu” jroning tembang pucung ing dhuwur tegese ....

32. Terangna apa sing diarani :
a. Guru gatra
b. Guru wilangan
c. Guru lagu

KUNCI JAWABAN SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER I KELAS 5 BAHASA JAWA

Wulangan 1 (KD 3.1)

1. B (deskripsi)
2. C (Ing Tlaga Sarangan bisa nunggang gajah)
3. D (2 lan 4)
4. A (4)
5. Pangudare prakara utawa resolusi
6. Koma (,)
7. Deskripsi
8. 

Teks Narasi
Ngandarake sawijinging kedadeyan tertamtu
Kedadeyan sing diandharake pancen bener dumadi utawa mung imajinasi/karangan wae
Karangan disusun adhedhasar urutan wektu
Paraga, alur, lan latar diandharake kanthi cetha sajroning crita

Teks deskripsi
Ngandarake sawijinging obyek/barang, papan/panggonan, utawa kahanan
Bab kang diandharake minangka asil pengamatan kangsung saka panca indra
Karangan ora disusun adhedhasar urutan wektu
Paraga, alur, lan latar ora diandharake kanthi cetha sajroning crita

Wulangan 2 (KD 3.2)

9. C (Jupe lara kanker serviks wes limang taun)
10. A (Aktual)
11. C (Pawarta lokal, regional lan Internasional)
12. B (Opini)
13. Dipertanggungjawabake
14. Tempo
15. Elektronik
16. Intonasi, vokal, eneng (jeda), volume, tempo. 

Wulangan 3 (KD 3.3)

17. A (1 lan 2)
18. C (Comboran)
19. B (Kandel Kupinge)
20. D (Bodo)
21. Salam
22. Emper toko
23. Seneng nyolong
24. 
a. Dadi bocah kudu duwe tata krama marangwong tuwa
b. Aku gawe wedhang kopi kanggo bapak sing nasgithel
c. Bocah yen gedhe ndase mesthi digething kanca-kancane

Wulangan 3 (KD 3.3)

25. B (Macapat)
26. D (Kidang talun, asmarandana, sinom)
27. C (7u, 10u, 12i, 8u, 8o)
28. C (Maskumambang)
29. 4
30. 12u, 6a, 8i, 12a
31. nurut utawa manut
32. 
a. Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada (bait)
b. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra
c. Guru lagu yaiku dhong-dhinge swara ing oungkasane gatra